Monday, August 29, 2005

Dhewe

Dhewe
(Chrys. Siddha Malilang)
spaso
Aku ngadeg dhewe
lola kaya kere
ora ana sing gelem mrene
mung awakku dhewe
spasi
Ngalor peteng
Ngulon ireng
Ngetan thuntheng
Ngidul blereng
spasi
Mbaung aku nangis brambang
ditinggal kadang
diidak rencang
anane mung dibalang
spasi
Apa pantes aku dikuya-kuya?
Mung amarga aku beda?
Apa wong kabeh padha ora waskita
yen aku iku ya manungsa
soasi
Sujud aku sedhih
Luhku wus dadi getih
Tyas rumangsa perih
Ngesot nggoleki ora tau kepanggih
spasi
Ngglimpung,
srumpung,
kesandung-sandhung.....
spasi
Nanging aku tetep ngadeg
orang ketang dhadha sesek,
direwangi idu dilek........
spasi
Supaya kabeh padha weruh,
aku isih duwe ruh,
isih nembangake gambuh,
nganggo lambe abuh......

No comments: